aqu

GEGURITAN


PANGANTU-ANTU



Dening Waluyo


Bagaskara madhangi mayapada
Bis pating sliwer
Pating brengok
Antarane suwara uwong uga mesin
Kebul buleg saka knalpot
Aku ngadeg njegegreg kaya reca
Mataku jlalatan mrana-mrene
Muga tumbuk karo kang dak-karepake
Embuh bis pira wae kang liwat
Saben bis teka dak-pandengi
Apa meneh bis sing biasa mbok-tumpaki
Suwe-suwe ora kuwat
Kang wis janji ora katon
Jroning ati misuh
Pangantu-antuku tetep
Isih ddadi pangantu-antu

Kapethik Saka : Joko Lodhang, 22 Januari 2005


IBU PERTIWI

Dening Sendang Mulyono



Sarwa subur kang tinandur
Sarwa mekar kang sinebar
Gemah ripah loh jinawi
Gunggunge ibu pertiwi

Nagndut pirang-pirang jimat sejati
Lamun tinata titi
Murakabi
Kabeh janma titahing G usti

Warna endah kang gumelar
Gunung lan samodra jejer-jejer
Kadya sesotya edi gumelar
Sinawang gawe ati kagiwang
Siniram cahyaning bagaskara
Sumusup memanasi balung sungsum

Nanging akeh manungsa kang ora perduli
Srakah
Njarah
Kabeh dibabati
Kabeh digerogoti
Ora eling tembe buri

Oh,Ibu Pertiwi
Aja nangis
Isih ana aku kang tresna
Lan greksa
Sliramu


Kapethik saka : Sinau Basa Jawa , kaca 94.

0 komentar:

Posting Komentar

Copyright 2009 day_ana. All rights reserved.
Free WPThemes presented by Leather luggage, Las Vegas Travel coded by EZwpthemes.
Bloggerized by Miss Dothy